Mengisi Kemerdekaan dengan Menjaga Kerukunan

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ، اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْإِيْمَانِ وَالْإِسْلَامِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ:

فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

وَقَالَ تَعَلَى : وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْا ۖوَاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ كُنْتُمْ اَعْدَاۤءً فَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهٖٓ اِخْوَانًاۚ وَكُنْتُمْ عَلٰى شَفَا حُفْرَةٍ مِّنَ النَّارِ فَاَنْقَذَكُمْ مِّنْهَا ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ

Jamaah Jum’ah ingkang dipun mulyaaken dening Alloh SWT,

Saderengipun kula nglajengaken khutbah ing dinten ingkang mulya punika, Khulo tansah wasiat khususipun dumateng dhiri pribadi lan sumrambah dumateng panjenengan sedaya, mangga kita sesarengan nambahi lan ningkataken iman saha taqwa dumateng Alloh SWT. Inggih punika kanthi estu-estu nindakaken sadaya perintahipun, lan nilar sadaya awisan-awisanipun, supados kita sedaya pikantuk kawilujengan ing dunya dumugi akhirat.

Hadirin Jamaah Jum’ah rohimakumullah,

Alhamdulillah, ing wulan Agustus punika, bangsa Indonesia nembe mawon mengeti dinten kemerdekaan. Kemerdekaan ingkang sampun kita raosaken dumugi dinten punika, sejatosipun sanes namung asil perjuangan lan pangorbanan para pahlawan kemawon, ananging ingkang langkung utami kemerdekaan punika inggih peparing, rahmat, saha kanikmatan ingkang ageng saking Alloh SWT.

Alloh SWT sampun nggarisaken wonten ing Al-Qur’an, bilih bilih saben kanikmatan punika kedah dipun syukuri:


وَاِذْ تَاَذَّنَ رَبُّكُمْ لَىِٕنْ شَكَرْتُمْ لَاَزِيْدَنَّكُمْ وَلَىِٕنْ كَفَرْتُمْ اِنَّ عَذَابِيْ لَشَدِيْدٌ

(ilingo) Naliko Pengeranmu Ngizinaken “Mula yen sira padha syukur, mesthi Ingsun (Alloh) bakal nambahi (nikmat) marang sira, nanging yen sira padha kufur, satemene siksa-Ningsun iku abot banget.” (QS. Ibrahim: 7)

Hadirin ingkang minulya,

Kados pundi caranipun kita minangka umat Islam ngisi lan mensyukuri nikmat kemerdekaan punika?

Sepindah, Syukur kanthi Donga lan Ngibadah.

Kita kedah tansah ndedonga dumateng Alloh SWT supados para pahlawan ingkang sampun gugur rumiyin dipun apunten dosa-dosanipun lan dipun paringi papan ingkang mulya wonten ngarsa-Nipun. Kita ugi kedah ningkataken ibadah kita dumateng Alloh minangka bukti bilih kita manungsa ingkang mangertos panuwun dumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos.

Kaping Kalih, Ngisi Kemerdekaan kanthi Njagi Kerukunan.

Negari Indonesia punika dipun cariyosaken minangka negari ingkang gemah ripah loh jinawi, kaparingan maneka warna suku, basa, adat istiadat, lan agami. Kemajemukan utawi keanekaragaman punika sanes alesan kangge crah utawi pasulayan, ananging dados panyengkuyung dumateng kerukunan bangsa. Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun maringi tuladha kados pundi mbangun kerukunan umat wonten ing Piagam Madinah, sahingga sadaya golongan saged gesang kanthi tentrem.

Njagi kerukunan saged dipun lampahi kanthi sikep tepa selira (toleransi), saling ngajeni, welas asih dumateng sesami, sarta nebihi tumindak adu-adu utawi nyebar fitnah (hoax) ingkang saged ngrisak pasederekan.

Kaping Tiga, Mujudaken Persatuan lan Kesatuan Bangsa.

Menawi kerukunan sampun kajaga, insyaAlloh persatuan lan kesatuan bangsa badhe kiyat. Alloh SWT dawuh wonten ing Al-Qur’an Surat Ali ‘Imran ayat 103:


وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْا ۖوَاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ كُنْتُمْ اَعْدَاۤءً فَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهٖٓ اِخْوَانًاۚ وَكُنْتُمْ عَلٰى شَفَا حُفْرَةٍ مِّنَ النَّارِ فَاَنْقَذَكُمْ مِّنْهَا ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ

Sira kabeh padha cekelana marang tali (agama) Allah, aja padha pecah belah, lan elinga marang nikmat Allah marang sira nalika sira padha mungsuhan, banjur Allah manunggalake ati siro, supaya marga saka kanugrahane sira padha dadi sadulur. (Uga elinga ing wektu iku) sira ana ing pojok neraka, banjur Allah ngluwari sira saka ing kono. Mangkene Allah nerangake ayat-ayate marang kowe, supaya kowe padha oleh pituduh.

Ayat punika ngemutaken dhateng kita bilih persatuan punika dhawuhipun agami. Kanthi njagi persatuan, negari kita badhe dados negari ingkang makmur lan aman. Gesangipun masyarakat badhe rukun, adoh saking cecongkrahan, sahingga saged dados negari ingkang Baldatun Thayyibatun wa Rabbun Ghafur (Negari ingkang subur makmur lan angsal pangapuntening Pangeran).

Jamaah ingkang dipun mulyaaken Alloh,

Mugi-mugi kita sedaya saged dados warga negari saha umat Islam ingkang tansah pandai mensyukuri kemerdekaan. Mugi Alloh SWT tansah njagi negari kita Indonesia, nebihaken saking sadaya bala lan musibah, sarta ngluberaken rahmat kagem sadaya bangsa Indonesia supados tansah rukun, nyawiji, lan tentrem rahayu. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، سَيِّدُ الْخَلَائِقِ وَالْبَشَرِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ:

فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ.

اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.

اَللّٰهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ.

رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ ۚ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.

One thought on “Mengisi Kemerdekaan dengan Menjaga Kerukunan

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *