Rebo Pungkasan: Momentum Doa, Sedekah, dan Muhasabah
Oleh : K. Sihabul Millah , Ketua Syuriyah NU ranting Tanggungharjo
KHUTBAH PERTAMA
الحَمْدُ للهِ المَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الطُّغْيَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ المُتَّقُونَ، أُوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُونَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي القُرْآنِ الكَرِيمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
Ma’asyiral Muslimin Jamaah Jum’ah ingkang minulyo,
Puji syukur dhumateng Ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun maringaken nikmat iman, islam, saha kesehatan, saéngga kita sedaya taksih dipunparingi kekiyatan lampah saged makempal ing masjid punika kanthi wilujeng nir ing sambikala, kinen nindakaken kewajiban Shalat Jumat. Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, dhumateng keluarga, para sahabat, saha sedaya umatipun ingkang tansah istiqomah dumugi akhir zaman.
Mboten kesupen, khotib wanti-wanti ngajak dhumateng jamaah sedaya, mangga kita tansah ningkataken taqwa kita dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya pandamelanipun saha nilar sedaya awisanipun. Amargi boten wonten bekal ingkang paling saé ing ngarsanipun Allah kejawi raos taqwa.
Jamaah Jum’ah Rahimakumullah,
Wonten ing wulan Safar menika, masyarakat Nusantara, khususnya tanah Jawa, asring nguri-uri satunggaling tradisi utawi adat ingkang kawentar kanthi nama Rebo Pungkasan (Rebo pungkasan ing wulan Safar). Tradisi menika lumrahe dipunisi kanthi donga sesarengan, silaturahmi, lan sedekah, kanthi pangajab supados dipunlindungi saking maneka warni balak utawi musibah.
Perlu kita mangertosi lan sadari bilih wonten ing satengahing masyarakat, kadang kala wonten pemahaman ingkang kedah dipun Penggalih Kant bijak. Wonten ingkang pitados bilih ing dinten Rebo Pungkasan punika Allah nurunaken atusan ewu balak utawi musibah dhateng bumi. Pitados bilih wulan Safar punika wulan sial, utawi wonten ritual-ritual tartamtu ingkang mboten wonten tuntunanipun saking agama.
Pramila, liwat mimbar Jumat punika, mangga kita sami mbeneraken niat lan keyakinan kita. Minangka umat Islam, kita kedah tetep berbudaya tanpa ninggalaken aqidah.
Budaya lan tradisi ingkang saé saged kitauri-uri minangka wujud kearifan lokal lan sarana silaturahmi, nanging keyakinan babagan nasib, untung, rugi, lan turunipun balak, tetep kedah dipunpasrahaken namung dhumateng kekuasaan Allah SWT.
Allah SWT ngendika wonten ing Surat At-Taghabun ayat 11:
مَا أَصَابَ مِنْ مُصِيبَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ وَمَنْ يُؤْمِنْ بِاللَّهِ يَهْدِ قَلْبَهُ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Tegese: “Ora ana musibah siji oha sing menimpa kejawi kanthi idin Allah; lan sapa sing iman marang Allah, Allah bakal nuduhake atine. Lan Allah iku Maha Uga Pirsa marang siji-sijine prakara.”
Ayat menika maringi pitedah bilih sedaya musibah utawi balak punika boten badhe tumiba kejawi awit saking izin lan takdir Allah SWT. Mboten wonten dinten ingkang sial, mboten wonten wulan ingkang mbebayani. Sedaya dinten lan wulan iku kagunganipun Allah.
Jamaah Jum’ah Rahimakumullah,
Kepiye carane kita minangka umat Islam nyikapi tradisi Rebo Pungkasan menika kanthi bijak?
Kaping pisan: kito sedoyo kedah Yakin Bilih sedoyo balak meniko saking Allah SWT. Pramilo nopo kemawon perbuatan engkang dilampahi mulai Sholat li Daf’il balak, Bancaan utawi Selametan, utawi Ritual nopo Kemawon sedeyo niku namung Ikhtiyar. Artosipun Hanamung Usaha nyenyuwun dateng Allah SWT.
Kaping kalih: Ngubah Tradisi dados Sarana Ibadah lan Amal Sholeh. Tradisi Rebo Pungkasan ingkang dipun isi kanthi nindakaken shalat sunnah mutlaq (kanthi niat mutlaq utawi shalat hajat), maos Yasin, donga sesarengan, lan sedekah, menika dados perkawis ingkang saé. Kenging nopo? Amargi sedekah, donga, lan silaturahmi menika amalan ingkang dipuanjuraken agami kangge nolak balak. Rasulullah SAW ngendika:
الصَّدَقَةُ تُطْفِئُ غَضَبَ الرَّبِّ وَتَدْفَعُ مِيتَةَ السُّوءِ
Tegese: “Sedekah iku bisa mateni duka Gusti Allah lan nolak pati sing ala (su’ul khatimah).” (HR. Tirmidzi).
Dados, menawi tradisi menika dipunwujudaken kanthi wujud donga nyuwun keslametan, maos Al-Qur’an, lan sedekah, menika sanes prakara sing dilarang, malah dados amal sholeh. Ingkang penting, niat kita dudu mergo wedi marang wulan Safar, nanging murni mergo nyuwun paringipun keslametan dhumateng Allah SWT.
Ma’asyiral Muslimin Jamaah Jum’ah ingkang minulyo,
Pramila, mangga kita tetep njaga identitas kabudayan kita ingkang santun lan luhur, nanging langkung utami malih, kita kedah njaga kemurnian aqidah tauhid kita. Ampun ngantos rasa wedi dhateng balak ndamel kita tumindak syirik utawi percaya dhumateng kekuatan seliyanipun Allah.
Mugi-mugi Allah SWT tansah njaga kita sedaya, kulawarga kita, lan bangsa kita saking sedaya balak, musibah, lan fitnah, sarta maringi kekiyatan supados kita tansah istiqomah wonten dalan ingkang diridhai.
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
الۤمّۤ ۗ اَحَسِبَ النَّاسُ اَنْ يُّتْرَكُوْٓا اَنْ يَّقُوْلُوْٓا اٰمَنَّا وَهُمْ لَا يُفْتَنُوْنَ وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلَيَعْلَمَنَّ اللّٰهُ الَّذِيْنَ صَدَقُوْا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكٰذِبِيْنَ اَمْ حَسِبَ الَّذِيْنَ يَعْمَلُوْنَ السَّيِّاٰتِ اَنْ يَّسْبِقُوْنَا ۗسَاۤءَ مَا يَحْكُمُوْنَ مَنْ كَانَ يَرْجُوْا لِقَاۤءَ اللّٰهِ فَاِنَّ اَجَلَ اللّٰهِ لَاٰتٍ ۗوَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُورُ الرَّحِيمُ.
KHUTBAH KEDUA
الحَمْدُ للهِ حَمْداً كَثِيراً كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ إِرْغَاماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الخَلَائِقِ وَالبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيماً كَثِيراً.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَّى بِمَلَائِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلَّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي العَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ، وَالمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلَاءَ وَالوَبَاءَ وَالغَلَاءَ وَالبَلاءَ وَالفَحْشَاءَ وَالمُنْكَرَ وَالبَغْيَ، وَالسُّيُوفَ المُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ المُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي القُرْبَى، وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللهَ العَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.